Minggu, 06 Maret 2016
Tembang Macapat
Tembang jawa utawa puisi tradisional jawa keperang dadi telung kategori, yaiku tembang cilik (sekar alit), tembang tengahan (sekar tengahan) lan tembang gedhe (sekar ageng). sing klebu tembang cilik yaiku tembang macapat. Tembang tengahan yaiku kidung sing asring dinggo rikala jaman Majapahit kaya dene Jurudemung. Winangrong lan Balabak. Dene sing klebu tembang gedhe mung ana siji yaiku Grisa sing arupan kakawin utawa puisi tradisional Jawa Kuna.
Nganti saiki tembang macapat isih diremani lan disinauni dening masyarakat Jawa lan bangsa mancanegara amarga paugerane (patokane) tembang macapat luwih gampang dipatrapake jroning basa Jawa tinimbang kakawin. paugerane kakawin iku luwih angel nganggone basa Sanskerta.
Tembang Macapat miturut Ranggawarsita yaiku saka cekakan maca papat utawa "ngalagokake nada kapapat", awit carane maca pancen rinakit saben patang wanda (suku kata).
Tembang Macapat cacahe ana 11. urut-urutane tembang Macapat iku padha karo lelakoning manungsa saka wiwit bayi abang nganti tumekaning pati (mati).
Mungguh kaya mengkene urut-urutane Tembang kaya ing ngisor iki:
1. Maskumambang: Nggambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, mas ategese durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
2. Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3. Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhngan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
4. Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baline) kang kabeh mau wis dadi kodrat ilahi.
6. Gambuh: Saka tembung jumbuh utawa sarujuk kang ateges yen wis jumbuh , utawa sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan
7. Dhandhanggula: Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-seneng, apa kang digayuh bisa kasembadan. kelakon duwe sisihan utawa bojo, duwe anak, urip cukup nganggo sak kluwarga. mula kuwi wong kang lagi bungah utawa bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma saka tembung derma utawa weweh. wong yen wis rumangsa kecukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marangkadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin derma utaw aweweh marang sepadha-padha. kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale menungsa.
9. Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepengin weweh marang sepadha-padha.
10. Megatruh: saka tembung megat roh utawa pegat roh utawa nyawane, awit wis titi wancine katimbang marak sowan maring sing maha kuasa.
11. Pocung: Yen wis dadi layon utawa mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.
sumber: Buku LKS Pesisir Jawa
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar