Minggu, 06 Maret 2016

Raden Werkudara


bima

Bratasena iku uga diarani werkudara sing uga sinebut bima, yaiku satriya pandawa kang nomer loro uga diarani satriya panenggaking Pandawa. Nalika lair, Raden Werkudara laire ora lumrah amarga lair awujud bungkus. Dadi bayine isih ana sajroning buntelan kulit. Bab kuwi ndadekake penggalih Prabu Pandhu Dewanata susah penggalihe. Bungkus mau banjur dibuang ing alas, nanging tetep urip lan tambah gedhe.

Prabu Pandhu ngutus adhine kang aran Arya Yamawidura supaya nyuwun pituduh marang Begawan Abiyasa. Begawan Abiyasa ngendika menawa ing besuke bayi ing jero bungkus kuwi bakal dadi senopati kang prawira. Arya Yamawidura banjur menyang alas seperlu niliki kahanane bayi bungkus kasebut.

Bathara Guru ing Kahyangan ngutus Bathara Narada supaya nderekake Dewi Uma menyang alas saperlu maringi sandhangan marang bayi amarga bayi wis meh pandhang hawa, luwar saka panandhang.

Ing papan liya Gajah sena, sawijining gajah kang kepengin manunggal karo manungsa sing luhur bebudine lagi tapa. Panyuwune katampa kanthi srana Gajah Sena kudu bisa ngruwat bungkus ing alas, banjur Gajah Sena lunga menyang wana ngestokake dhawuhe dewa saperlu ngruwat bungkus.

Ing alas Gajah Sena ngamuk, bungkus diidak-idak lan digadhing. Bungkus banjur pecah saka bungkus kulit. Bungkus kang pecah kasebut metu bayi kang wis nganggo sandhangan. Bayi kasebut dening Gajah Sena tetep diidak-idak lan dighading nanging anehe bayi kasebut ora mati malah mundak dadi gedhe lan samsaya rosa.

Kamanungsane si jabang bayi kang samsaya gedhe kasebut kegugah atine ngandakake manawa dheweke lagi diamuk dening Gajah Sena, banjur bayi kasebut genti males Gajah Sena. Gajah Sena asor nyudhane genti diamuk dening Bayi bungkus lan dicuwek nganggo kuku pancanaka banjur tumeka ing pati. Sukmane Gajah sena banjur manjing mlebu nyawiji ing awake si jabang bayi lan nggawe bayi iku dadi tambah kandel kulite.

Dening Bathara Narada bayi mau diwenehi tetenger Bratasena banjur diaturake marang Prabu Pandu Dewanata ing Astina.




  Sumber: Buku LKS Pesisir jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar